Selasa, 30 Juli 2019

TERJEMAH FATHUL QORIB

TERJEMAH FATHUL QORIB


Bismillahirrahmanirrahim

الحمدلله وحده والصلاة والسلام على من لانبى بعده و على اله واصحابه العمدة رب زدنى علما و فحما وادمنى حمد ( امابعد )


Alkhadulillaahi wahdah washolaatu wasalaama 'alaa mallaanabiyya ba'dahu wa'alaa alihi wa ashkhaa bihil'umdati

Rabbi zidnii ' ilman wa fahman wa adimni khamdahu ( ammaba'du ).

Kecariwas : 


Gandeng lan dhohiripun kitab takrib ing naliko zaman semanten wonten salah setunggalipun putro murid ipun pengarang kitab takrib wau sumejo ngelahiraken bingahipun manah atas dhohiripun kitab takrib wau sehinggo mengalembono dateng gurunipun yakni pengarangipun kitab takrib wau mekaten ngendikonipun panjenengane bapak guru syekh Al imam kang dadi menuntun ummat kang linuwih ilmu pengetihane kang tansah paring pepadang ing soal -soal agomo sehinggo panjenengane Samsudin kang artine srengengene agomo yoiku syekh Muhammad bin qosim asya-syafi'i Rohmatulloh 'alaihi waridwanuhu  Aamiin panjenengane syekh Muhammad miwiti ing karangane kitab takrib Iki sepisan serono memuji ing Gusti Allah kelawan pengendikane  Alkhadulillah puji mengalembono ku kunjuk ing ngersodalem Gusti Allah anggone miwiti serono Alkhadulillah mau dasare serono tabaruk  ngalap berkah " tafa'ul lan mbonjeng marang kawitane kitabillah ( Al Qur'an Al Karim ) kang kawitane serono Alkhadulillah lan ugo kerono mengingat kalimat Alkhadulillah iku wus tradisi digunaake kanggo kawitane setengah perkoro kang becik mengkono ugo Alkhadulillah mau kegunaake kanggo mungkasi dungo lan penyuwunan kang keno diarep sinembadane tegese Kito di purih menowo dedungo iku supoyo di kawiti kelawan Alkhadulillah lan di pungkas kelawan Alkhadulillah opo dene Alkhadulillah iku kang temtu kanggo penutupe puji lan kesyukuran poro wong mukmin naliko podo nompak lan ngerasaake piwales ganjaran ono ing suargo pujine syekh Muhammad mau dipindoni minongko syukur nikmat serono pengendikane ( ahmaduhu ) aku muji ing Gusti Allah dene- dene Allah paring taufik pitulungan marang wong kang kakersaake dening Allah songko poro kawulane sehinggo gelem ngerteni ing agomo kanti petuk lan nyocogi marang kang dikersaake dening Gusti Allah kaping pindo aku nyuwon marang Gusti Allah mugo-mugo maringono tambahe rohmatlan salam maring luweh utomo-utomone kabeh mahluk yoiku junjungane kito Gusti kanjeng nabi Muhammad kang dadi tetunggule poro Rasul panjenengane kanjeng nabi kang wes ngendiko sopo wong kang dikakersaake dening Gusti Allah kedadeake wong kang bagus mongko wong mau ngelakoake gelem ngudi ngerteni marang agomo mengkono ugo pemyuwonku ing Gusti Allah mugo-mugo rohmat lan salame Allah lumeber marang poro Kawuloargo lan shohabate kanjeng nabi kanti tetep langsung ing sakswuwene iseh ono wong kang podo ileng marang Allah lan rasulullah ugo sakswuwene iseh ono wong kang podo lalu marang Allah lan rasulullah panjenengane syekh mualif Muhammad bin qosim ngendiko ing sakswuse kang wes kasebut duwur mau mangertiyo karangan kang tansah dadi angen-angen ono ing penggalihku kang sehinggo kawetu lan ketulis dadi wujud kitab iki iku suwijine kitab kang ringkes banget murni lan bersih songko campuran marupo-marupo  kitab iki tak tulis minongko nyarahi lan buka-buka isi-isine kitab kang sinebut aran takrib kang supoyo migunani marang wong kang podo mbutuhake nyinahu ngerteni marang cabang rantinge syari'at agomo lan bisoho iku kitab migunani marang umume poro wong islam amergo Gusti Allah iku dzat kang tansah midanget marang dungo lan penyuwunane poro kawulane lan Iyo Allah iku ingkang parek lan nyembadani panyuwon-panyuwon sopowahe kang menejo ing Gusti Allah podo ugo milih hasile perkoro kang migunani utowo pamrih tinulake perkoro kang berbahaya mongko wong mau ora bakal kerugen Gusti Allah dawuh marang kanjeng nabi mengkene ya Muhammad menowo Siro ditakoni dening wong nakoake soal-soal adoh cedak ingsun mongko wong mau wenehno keterangan Yen ingsun iku sayeto moho parek  mangertiyo rehne ono ing sawenehe naskah turunane iki kitab disebut ketulis ora ono ing mukadimahe naskah mau ono ing Kono tinemu yen asmane kitab kang asal iku ono loro siji aran takrib lan sijine maneh aran ghoyatil ikhtisor mulo sebab iku kitab syarah iki ugo tak jenengi kelawan jeneng werno loro siji aran fathul qorib mujib minongko syarah keterangane lafat-lafate kitab takrib loro aran qhoul mukhtar demunung syarahe kitab ghoyatil ikhtisor panjenengane syekh Al imam abu thoyib kang ugo sinebut syekh abu suja' abu suja'kang dadi pepadange ahli agomo yoiku syekh Ahmad putro kyai Husain lan wayahe kyai Ahmad ashfihan mugo-mugo Allah nyiramono ing pesarehane syekh Ahmad mau serono siraman rohmat lan keridhoan lan mugo-mugo Allah manggonake ing panjenengane syekh Ahmad ono ing suargo firdaus panjenengane syekh Ahmad ngendiko kitabku matan takrib iki tak kawiti kelawan nyebut asmane Allah kang moho welas asih menyebutku mau kanti tak lahirake serono tulisan. 

Bismillaahirrohmannirrohim 


Kacerito imam nasafi ngendiko, kesebut ono ing tafsire kitab-kitab kang keturunake songko langit marang dunyo iku ono satus papat kitab, maknane kitab-kitab kang semono akehe iku Wes kawengku ono ing Al-Quran lan maknane Al-Quran iku Wes kawengku ono ing Al fatikhah maknane Al fatikhah iku kawengku ono ing Basmalah lan maknane Basmalah iku kawengku ono ing Ba'e Basmallah banjur maknane Ba' melawan hukum makna isyari iku


* Bikana Makana wa Biyakuna Mayakuna *  tegese kelawan ingsun Allah dadi wujud opo barang kang wes wujud lan kelawan ingsun bakal wujud opo barang kang bakal wujud dene lafadz Allah iku disebut ono ing Qur'an nganti ٢٣٦٠ ( rong ewu telungatus sewidak  ) panggonan. terus pengendikane syekh Ahmad tulisanku bismillahi rahmani rahim mau murih sampurnane perkoro kang tak maksud mongko tak ganteni serono ngelahirake memuji ing ngersodalem Gusti Allah kelawan ucapanku kang tak tulis الحمدلله رب العالمين kerono ngelingi keterangane hadits كل امر ذى بال اى حال) يهتم به شرعا لايبدافيه  بسم الله الرحمن الرحيم. وفى رواية  الحمدلله فهواقطع اى ناقص غير تام فيكون قليل البركة ) endi2 perkoro kang mengandung kepentingan mungguh Syara' ing hale ora dikawiti serono bismillah utowo Alhamdulillah mongko perkoro mau jurang sampurno kedadehane setitik berkahe rehne ngelingi pengendikane Allah ورفعنا لك ذكرك  kang maknane sesebutan iro Muhammad ingsun junjung temenan sehinggo sak mongso2 disebut asmo ningsun mongko asmo niro kasebut ugo awit songko iku mulo pemujiku  Alkhadulillahi rabbil'alamin mau tak gandengi kelawan asung sholawat marang kanjeng nabi serono nulis وصلى الله على سيدنا محمد mugo-mugo Allah nambahno anggone paring rahmat lan salam maring junjungan kita nabi Muhammad kang mengkono iku mugo-mugo kito kelebu golongane wong kang dingendikane deneng kanjeng nabi من على فى كتاب لم تزل الملائكة تصلى عليه مادام اسمى فى ذلك الكتاب sopo wonge moco sholawat ingatatase ingsun ono ing tulisan kitab mongko poro malaikat tansah podo nyuwonake  pengapuro marang wong mau kanti ora leren2 selagine asmo ningsun iku iseh ono ing kitab mau opo dene ngelingi dawuhe Gusti Allah ياايهاالذين امنو صلو عليه وسلموا تسليما hai poro wong mukmin lali2 dielingo Kowe kabeh podo mocoho shalawat lan salam ingatatase nabi Muhammad kelawan sing akeh(٤) lan kerono arah takdim dungo sholawat mau tak suwon sumambraho marang poro Kawuloargo lan shohabate kanjeng nabi kelawan tak tulis وعلى اله الظاهرين وصحابته اجمعين  kerono ngelingi keterangan poro shohabat tahu matur marang kanjeng nabi كيف نصلي عليك يارسول الله  kados pundi enggan kulo sami mahos shalawat ing panjenengan ndalem wangsule kanjeng nabi قولوا kowe podo mocoho اللهم صل على محمد وعلى اله dene keterangane utowo kang dimaksud keluagane kanjeng nabi miturut ngendikane imam Syafi'i yoiku poro qorobat2e kanjeng nabi kang podo mukmin kang songko turunane sayidina Hasyim lan turunane sayidina Abdul Muthalib namun miturut qoul kang kepilih dening iman Nawawi kang dimaksud keluagane kanjeng nabi iku setengah wong Islam(٥)  sebanjure panjenengane pengarang kitab iki nerangake setengah songko sebab2be ngangit iki kitab serono pengendikane ing antarane poro sanak telah lan shohabat qorib iku duwe pinyuwon marang aku mugo-mugo poro sanak mau tansah podo dilindungi dening Gusti Allah


Tidak ada komentar:

Posting Komentar