Jumat, 26 April 2019

TAQRIB

Dene lafadz THOHAROH iku maknane podo Karo lafadz Nadhofah,tegese bersih utowo suci
Nangin yen diwoco TUHAAROH iku artine turahane banyu kang digawe sesuci dene arti THOHAROH  miturut keterangane poro ulama ahli syareat iku akeh artine ing antarane yoiku : gawe utowo nindaake perkoro kang njalari wenang lan keno nglakoni sholat koyo toh : wudhu,ados, tayammum lan ngilangaken najis ing sarehne banyu iku dadi alate suci mulo ing kene kiyai mushonif perlu nonjolake werno2ne banyu kanti pangendikone banyu kang syah di gawe sesuci iku ono werno pitu 1, banyu udan 2, banyu Segoro tegese banyu kang asin 3, banyu bengawa tegese banyu tawar 4, banyu sumur 5, banyu sumberan utowo banyu tok 6, banyu embun 7, banyu udan woh/ es banyu werno pitu iku keringkes dadi loro yoiku banyu kang asal songko duwur lan banyu kang metu songko bumi banyu pirang2 koyo mengkono mahu yen dipandang soko wujude kahanan ing tetingalan dene Yen dipandang songko hakekate mongko kabeh banyu iku asale songko langit ing Qur'an keterangake  ( الم تر ان الله انزل من السماء ماء فسلكه ينابيع فى الارض ) " Siro laiyo weroh/ngerti yen Allah iku nurunake banyu songko langit mareng bumi " banjur banyu mau nklakoake sehinggo dadi sumber/utowo metu soko bumi sebanjure banyu2 mau kebagi papat  1. Jenenge banyu mutlak  yoiku banyu suci kahanane lan biso nyuciake maring liyane tur ora makruh lamun dinggo 2. Jenenge banyu musyammas  yoiku banyu kang suci lan nyuciake nanging makruh lamon dinggo khusus ono ing badan d ne yen digunaake kanggo nyuceni  pakaian mongko ora makruh banyu musyammas iku banyu kang panas sebab keno doyone  srengenge lan kemakruhan banyu musyammas mau menawi  wes nemu syarat loro  2a. Ono ing papan panggonan kang hawane panas koyo tanah Yaman lan Hijas utawi upamane Jakarta Surabaya nanging yen ono ing tanah kang hawane sedeng koyo tanah Mesir utawi Bandung lan Kedu Magelang utawi meneh papan kang hawane adem koyo tanah Syam utawi setiyang Wonosobo mongko iyo ora makruh 2b. Banyune mau ono ing sak liyane wadah emas lan seloko kerono miturut penemune dokter ( ilmu kesehatan ) panase nganggo iku duwe doyo ngelunturake wadah2 banyu kang kedadeyan songko sak liyane emas lan seloko sehinggo lunturan mau menawi ngenani ing badan biso njalari nyegah getih utawi semilake getih kang kedadeyane banjur dadi belang dadi kemakruhane banyu musyammas iku kejobo miturut hukum syara ugo miturut hukum kesehatan لان سببهاامرارشادىمن الطب  3. Jenenge banyu mustakmal yoiku banyu kang suci kahanane nanging ora biso nyuciake marang liyane kerono banyu mau wes dinggo/digunaake ngilangake hadas utawi najis  semunu mau lamon banyu iku ora banjur owah utawi ora tambah songko bobote maune kanti sak wuse di kiro2 kalonge banyu kang ntresep ono ing barang kang diwasuh  kelebu bagian nomer telu iki banyu mutaghori yoiku banyu kang owah sifate/rupo roso gondo olihe owah sebab kecampuran perkoro kang suci kang sehinggo dadi ilang jenenge banyu mutlak mongko hukume banyu mutaghoiri iku podo karo hukume banyu mustakmal tegese suci nanging ora biso nyuciake lan owahe banyu mau podo ugo biso di temtu deneng ponco deriyo utawi owah bongso pengiro2 upamane kecampur barang kang cocok utawi podo ing dalem sifate koyo to kecampuran banyu mawar kang wes ilang gondone  utawi kecampuran banyu mustakmal